Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa

Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa - Hallo sahabat Chord Gitar Indonesia, Pada sharing Kunci gitar kali ini yang berjudul Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa, saya telah menyediakan lirik lagu lengkap dengan kord gitarnya dari awal lagi sampai akhir lagu. mudah-mudahan isi postingan kunci gitar yang saya tulis ini dapat anda pahami. okelah, ini dia chord gitarnya.

Penyanyi : Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa
Judul lagu : Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa

lihat juga


Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa

 Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa

Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa - ini merupakah kisah atau profil wisanggeni, namun kisah wisanggeni kali ini dalam bahasa jawa



Wisanggeni lair wujud geni lan menjila dadi satriya pinunjul
Wisanggeni iku anaké Arjuna karo Dèwi Dresanala. Putri iki salah sijining widadari anugerahing déwa amarga Arjuna bisa ngalahké Prabu Niwatakawaca, buta kang ngobrak-abrik kahyangan. Nalika iku, Niwatakawaca sedya ndhaup Dèwi Supraba.
Rikala lair, Wisanggeni arep dipatèni déning simbahé, Bathara Brama. Bathara Guru nganggep lairé Wisanggeni nyalahi kodrat. Nanging Wisanggeni wis dikodratké sekti lan tinitisan Sanghyang Wenang. Seka perkara iki, Wisanggeni uga asring sinebut déwa kang pungkasan.
Satriya setengah déwa setengah menungsa iki dimomong Bathara Baruna (déwa kang nguwasani samudra) lan Hyang Antaboga (raja ula kang urip ing dhasar bumi). Dhèwèké bisa mabur, ambles bumi, lan urip ing laut.
Dhèwèké urip ing Kahyangan Daksinapati bareng ibuné. Sektiné ngluwihi liyané. Wisanggeni raket karo Antaséna. Loro-loroné uga ora melu Bharatayuddha. Ing lakon Wisanggeni Racut, dhèwèké muksa bareng karo Antaséna dadi tumbal bèn Pandhawa menang. Kaya déné Antaséna, Wisanggeni uga ora seneng nganggo basa krama. Beda karo Antaséna kang lugu, Wisanggeni lantip lan ngerti sadurungé winarah.
Wisanggeni iku anake Arjuna lan Dewi Dresanala. Dewi Dresanala iku anake Bathara Brahma. Arjuna duwe sisihan Dewi Dresnala nalika Arjuna dadi raja ing Kaindran, jejuluk Prabu Kiritin. Arjuna bisa jumeneng dadi raja ing Kaindran amarga antuk kanugrahan saka dewa sawise kasil ngalahake Prabu Niwatakawaca, raja ditya sing sekti mandraguna saka nagara Imaimantaka.
Wisanggeni lair saka guwa garbane Dewi Dresanala wujud geni, sabanjure malih lan ngrembaka dadi satriya sing pinunjul. Wisanggeni dadi satriya sing pinunjul kapinterane, kawegigane lan kasektene. Wisanggeni uga kondhang minangka wayang sing mbranyak, raine bagus nanging sakmadya banget anggone nyenyandhang. Marang sapa wae Wisanggeni tansah mungkak krama utawa caturan tanpa nggunakake basa krama sing alus.
Kepara yen guneman kalawan Sanghyang Wenang wae Wisanggeni uga tansah mungkak krama. Dening para dhalang Wisanggeni arang banget diwetokake ing pakeliran. Wisanggeni duwe sisihan sing jenenge Dewi Mustikawati.
Dewi Mustikawati iku anake Prabu Mustikadarwa, raja ing Krajan Sonyapura. Ing lakon Wisanggeni Krama, Wisanggeni kudu ngadhepi Prabu Sitija utawa Prabu Bomanarakasura kanggo mupu Dewi Mustikawati ing sawijining patembayan. Dewi Mustikawati njaluk wewaton gambaring jagad marang Wisanggeni lan Prabu Sitija. Yen Wisanggeni utawa Prabu Sitija bisa minangkani penjaluke iku, Dewi Mustikawati saguh dadi sisihane.Wusana Wisanggeni sing kasil nggawa gambaring jagad lan banjur dipasrahake marang Dewi Mustikawati. Kasile Wisanggeni amarga dibiyantu dening Sanghyang Wenang sing nyumadhiyakake gambaring jagad kaya panjaluke Dewi Mustikawati.
Ing lakon Wisanggeni Takon Bapa, ing laku nggoleki bapake, Wisanggeni kasil mbiyantu bapake lan nagara Amarta bisa nemokake maneh pusaka-pusaka piyandel sing ilang.
Dene pusaka-pusaka piyandele Krajan Amarta sing ilang lan kasil dibalekake maneh dening Wisanggeni yaiku Kalimasada, Sarotama, Hrudadali, Anantakusuma, payung Tunggulnaga lan Pasopati.
Kabeh kulawarga Pandhawa, kalebu Prabu Kresna, ora ana sing wani tumindak sakepenake dhewe marang Wisanggeni. Salawase uripe Wisanggeni dedunung ing kayangan Daksinageni bebarengan ibune, Dewi Dresanala, lan kabeh kulawargane. Wandane Wisanggeni iku Rungsit.
Dene kawitane Arjuna rabi kalawan Dewi Dresanala sing sabanjure nurunake Wisanggeni yaiku nalika Prabu Niwatakawaca pengin ngrabi Dewi Supraba. Niwatakawaca sing jeneng enome Nirbita iku banjur tumuju suralaya kanggo nglamar Dewi Supraba.
Ananging para dewa ora ana sing nglilani yen Dewi Supraba rabi kalawan Niwatakawaca. Wusana Niwatakawaca banjur ngrabasa ing suralaya. Kasektene ora ana sing bisa nandhingi, para dewa kabeh kasoran. Sanghyang Girinata banjur mrentahaka Arjuna supaya ngadhepi Niwatakawaca. Nalika iku Arjuna nembe mertapa ing pertapan Indrakila lan jejuluk Begawan Ciptaning Mintaraga utawa Cipta Ening Mintaraga. Arjuna sing dibiyantu Dewi Supraba kasil mateni Niwatakawaca.


Demikianlah Artikel Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa

Sekian Kunci gitar Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa, mudah-mudahan bisa memberi manfaat untuk anda semua. baiklah, sekian postingan Chord gitar lagu kali ini.

Anda sedang membaca artikel Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa dan artikel ini url permalinknya adalah https://lesmusikterbaik.blogspot.com/2017/02/profil-wisanggeni-dalam-bahasa-jawa.html Semoga artikel ini bisa bermanfaat.

3 Responses to "Profil Wisanggeni dalam Bahasa Jawa"

  1. agen365 menyediakan game : sbobet, ibcbet, casino, togel dll
    ayo segera bergabung bersama kami di agen365*com
    pin bbm :2B389877

    BalasHapus
  2. Website Taruhan Terpercaya (Update Betting)
    Daftar Sekarang Juga!!

    BalasHapus
  3. agen365 menyediakan game : sbobet, ibcbet, casino, togel dll
    ayo segera bergabung bersama kami di agen365*com
    pin bbm :2B389877

    BalasHapus